lirik sholawat gusdur
Astaghfirullah rabbal baraya
Astaghfirullah Minal kHotoya
Rabbi zidniy ‘Ilman nafi’a
wa wafiqny ‘amalan sholiha.
Ya Rasulallah.. salamun Alaik.
Ya Rafi’a Syani wad Daraji
‘Atfata yaji rathal Alami
YA Uhailaljudi wal karom 2X.
Ngawiti insun nglara syi’iran
kelawan muji dateng Pengeran
kang paring rohmat lan kenikmatan
rino wengine tanpo pitungan 2x.
duh bolo konco prio wanito
ojo mung ngaji syareat gogo
gur pinter ndongen nulis lan moco
tembe mburine bakal sangsoro 2x.
akeh kang apal qur’an haditse
seneng ngafirke marang liyanei
kafire dewe gak digatekke
yen isih kotor ati akale 2x.
gampang kabujuk Nafsu angkoro
ing pepaese gebyare ‘dunyo
iri lan meri sugihe tonggo
mulo atine peteng lan nisto 2x.
ayo sedulur jo nglaleake
wajibe ngaji sak pranatane
‘nggo ngedalake iman tauhide
baguse sangu mulyo matine 2x.
Kang aran soleh bagus atine
kerono mapan .. saringelmune
laku torekot lan ma’rifate
ugo hakekot manjing rasane 2x.
Alqur’an Qodim wahyu Minulyo
Tanpo tinulis Iso diwoco
Iku wejangan Guru Waskito
Den tancepake Ing njero Dodo 2X.
Kumantil Ati lan pikiran
mrasuk ing badan kabeh jerohan
Mu’jizat Rasul Dadi pedoman
Minongko Dalan Manjinge Iman 2x.
Kelawan Allah Kang Moho Suci
Kudu rangkulan Rino lan wengi
Ditirakati diriyadhohi
Dzikir lan suluk jo nganti lali 2X.
Uripe ayem, rumongso aman
dununge roso tondo yen iman
Sabar Narimo najan pas-pasan
Kabeh tinakdir saking Pengeran2x.
Kelawan Konco dulur lan tonggo
kang podo rukun ojo ngesio
Iku Sunnahe Rasul Kang Mulyo
Nabi Muhammad Panutan Kito 2x.
Ayo nglakoni sekabehane
Allah Kang Bakal ngangkat drajate
Senajan asor toto Dhohire
Ananging mulyo maqom drajate 2x.
Laufal ‘Asro ing pungkasane
orah kesasar roh lan sukmane
Den Gadang Allah swargo manggone
Utuh mayyite ugo ulese 2x.
Ya Rasulallah.. salamun 'Alaik.
Ya Rafi’a Syani wad Daraji
‘Atfata yaji rathal Alami
YA uhailaljudi wal karami 2X
Alfatihah...
Astaghfirullah rabbal baraya
Astaghfirullah Minal kHotoya
Rabbi zidniy ‘Ilman nafi’a
wa wafiqny ‘amalan sholiha.
Ya Rasulallah.. salamun Alaik.
Ya Rafi’a Syani wad Daraji
‘Atfata yaji rathal Alami
YA Uhailaljudi wal karom 2X.
Ngawiti insun nglara syi’iran
kelawan muji dateng Pengeran
kang paring rohmat lan kenikmatan
rino wengine tanpo pitungan 2x.
duh bolo konco prio wanito
ojo mung ngaji syareat gogo
gur pinter ndongen nulis lan moco
tembe mburine bakal sangsoro 2x.
akeh kang apal qur’an haditse
seneng ngafirke marang liyanei
kafire dewe gak digatekke
yen isih kotor ati akale 2x.
gampang kabujuk Nafsu angkoro
ing pepaese gebyare ‘dunyo
iri lan meri sugihe tonggo
mulo atine peteng lan nisto 2x.
ayo sedulur jo nglaleake
wajibe ngaji sak pranatane
‘nggo ngedalake iman tauhide
baguse sangu mulyo matine 2x.
Kang aran soleh bagus atine
kerono mapan .. saringelmune
laku torekot lan ma’rifate
ugo hakekot manjing rasane 2x.
Alqur’an Qodim wahyu Minulyo
Tanpo tinulis Iso diwoco
Iku wejangan Guru Waskito
Den tancepake Ing njero Dodo 2X.
Kumantil Ati lan pikiran
mrasuk ing badan kabeh jerohan
Mu’jizat Rasul Dadi pedoman
Minongko Dalan Manjinge Iman 2x.
Kelawan Allah Kang Moho Suci
Kudu rangkulan Rino lan wengi
Ditirakati diriyadhohi
Dzikir lan suluk jo nganti lali 2X.
Uripe ayem, rumongso aman
dununge roso tondo yen iman
Sabar Narimo najan pas-pasan
Kabeh tinakdir saking Pengeran2x.
Kelawan Konco dulur lan tonggo
kang podo rukun ojo ngesio
Iku Sunnahe Rasul Kang Mulyo
Nabi Muhammad Panutan Kito 2x.
Ayo nglakoni sekabehane
Allah Kang Bakal ngangkat drajate
Senajan asor toto Dhohire
Ananging mulyo maqom drajate 2x.
Laufal ‘Asro ing pungkasane
orah kesasar roh lan sukmane
Den Gadang Allah swargo manggone
Utuh mayyite ugo ulese 2x.
Ya Rasulallah.. salamun 'Alaik.
Ya Rafi’a Syani wad Daraji
‘Atfata yaji rathal Alami
YA uhailaljudi wal karami 2X
Alfatihah...
No comments:
Write comments